Rabu, 06 Mei 2015

SEKAR MACAPAT SINOM

SINOM
Sinom iku ateges enom, taruna, srinata, roning kamal,      pangrawit, weni, logondhang, lan sapituture. Sinom duwe karep pucuke godhong kang esih kecut. Anggitane Kanjeng Sunan Giri Kedaton. Iki cocok kanggo pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan. Sinom iku uga salah sawijining sekar macapat kang biasane manggoni urutan ke 3 ing macapat.
PATOKAN TEMBANG SINOM
SINOM
Guru Wilangan
Guru Lagu
Guru Gatra
8
a
9
8
i
8
a
8
i
7
i
8
u
8
a
9
i
12
a
TULADHA TEMBANG SINOM
   _KARYENAK TYASSING SESAMA_
5  6  6  6  6  6  6  6
Nu-  lad-  a  la-  ku-  u-  ta-  ma
5  6  6  4  5  6  65  5
Tu-  mrap-   e  wong  ta-  nah  Ja-  wi
5  6  6  6  5  3  3  21
Wong  a-  gung  ing  Ngek-  si-  gan-  da
1  2  3  2  1  6  5  6
Pa-  nem-   bah-  an  Se-  na-  pa-  ti
1  2  2  2  2  1  23
Ka-  pa-  ti   a  mar-  su-  di
1  1  1  2  1  6  1  2
Su-  da-  ning  ha-  wa  lan-  nep-  su
6  1  1  1  1  1  1
Pi-  ne-  su  ta-  pa  bra-  ta
1  2  3  2  1  6  5  6
Ta-  na-  pi  ing  si-  yang  ra-  tri
6      1        2        3            2         2        2         2          3         21      6         12
A-     me-     ma-  ngun       kar-     ye-    nak      tyas-     ing     sa-      sa-      ma
TEGESE SEKAR MACAPAT SINOM TENG NGINGGIL
  Nyonto laku sing becik/tumindak sing becik
  Kanggo masyarakat tanah jawa
  Tiyang ageng saking ngeksiganda (Mataram)
  Panembahan Senopati
  Tekun banget/ngudi kawruh/ilmu
  Ngurangi hawa nafsu
  Nganggo dalan prihatin (bertapa)
  Uga awan wengi
  Gawea laku/karya sing digawe tentreme atine sesama (tresnane marang wong liya)
WATEKE TEMBANG SINOM
Wateka tembanng sinom yaiku :
vCanthas
vTrengginas
vLincah
vGrapyak
vTresna Asih
  Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah, nggambarake sipat kang cukat trengginas, lan sapituture
Makna Tembang Sinom
   Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, wateke golek pangelembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen nom-noman biyasane seneng sesabungan/kekancan, pinter ngomong utawa srawung kang golek kanca/kadang lan narik kawigaten liyan. Nglambangake wayah esih jejaka/prawan.
   Secara garis besar, sekar macapat sinom iku nggambarake manungsa kang nduweni sipat kang esih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya.
WEDHATAMA
   Wos kang kamot ing tembang sinom (wedhatama) antarane :
1)Serat Wedhatama aweh pengelembana marang awongan kang seneng ing sikep luruh (wus sengsem reh ngasamun), asipat aweh pangapura lan sabar,
2)Serat Wedhatama uga nengenake kadiwasaning akal, pikiran, rasionalitas, utawa intelektual,
3)Babagan karakter lan perilaku kang becik (laku utama), Serat Wedhatama menehi tuladha Panembahan Senopati,
4)Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran (wirya harta tri winasis),
5)Serat wedhatama ngajarake telung perkara kang dadi cagaking panguripan , yaiku lila yen kelangan, sabar nalika entuk pacoban, lan nrima ing pandum pasrah sumarah mring Gusti,
6)Serat Wedhatama ngedohi sipat angkara murka, yaiku nesu kang tanpa alesan (kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung janjine muring-muring), nutupi kaluputane dhewe.
dudutan
Manungsa kang luhur bebudine iku seneng mapan ing papan sepi (tuman-tumanem ing sepi), reresik jiwa (masah-amemasuh budi), nanging tansah nglakoni kewajibane, asipatruruh, lan gawe seneng atining liyan.



(video tembang sinom)
Cekap sementen, kula saged aturi. Mugi-mugi saged manfangat. Maturnuwun,


 go visit my other blog, with klik the picture :-) thanks 










continue reading SEKAR MACAPAT SINOM